23/02/2023
Ono dedongengan.
Jaman semono ono rojo kang lantip ing panggraito tur wicaksono pingin nguji marang kawulane. Rojo mau nawur kawulo ngagem busono kang sarwo prasojo koyo wong sudro, mlebu deso metu deso dedodolan dluwang sesuwek isi dongo ono stempel rojo kanti rego saben lembare sak dirham bakal kanggo ngopeni wong jompo lan anak-anak kang lola.
(1 dirham udo koro 2 yuto Rp.)
Ditawakke ngalor ngidul mlebu deso metu deso, mlebu pasar, papan pasinaon, papan pangibadahan lan papan pariwisoto nganti tepung gelang sak projo diubengi kanti ngucap "Poro sedulur kakung putri enem lan sepuh, monggo sami tumbas dluwang sesuwek isi dongo ono stempel rojo kanti rego setunggal dirham bakal kanggo ngopeni wong tuwo jompo lan anak-anak lola, sopo sing ra mundhut bakal kuciwo, sing mundhut bakale luwih kuciwo"
Dasare wong wong ki do ora butuh dluwang, butuhe beras klambi lan omah. Nganti kesel sing towo tekan sore ora payu, banjur esuk umun-umun mbarengi njedhule sang bagaskoro wis dedodolan maneh nganti pirang-pirang ndino keporo sasen. Banjur ono wong wedok tuwo sing mesakke dhewek'e tumbas gangsal lembar, alhamdulillah....... Wonten malih rombongan punggawane projo sami tumbas setunggal-setunggal, banjur wonten maleh satunggaling guru ingkang tumbas 50 lembar kanti ndongo mugo-mugo wong tuwo jompo lan anak-anak lola sing diopeni tansah bagas waras pikantuk nugrahaning kang moho kuwoso dadi wong kang mulyo lan sembodo tansah bekti marang wong tuwo, taat marang agomo biso ngajeni marang guru lan migunani dateng negari.
Dino ganti dino, wulan ganti wulan nganti pas setahun ono woro-woro soko projo. Nyebar poro nayoko projo nggolek'i wong kang nduweni dluwang sesuwek isi dongo kang ono stempel rojo. "Woro-woro, sok sopo wae sing nduwe dluwang sesuwek isi dongo ono stemoel rojo bakal dituku 700 dirham saben lembare".
(700 dirham setara 1,4 milyard Rp.)
Horek kabar sumebar sak indere projo, podho kelingan jaman semono ono wong sudro kang dedodolan dluwang kanti rego sak dirham. Wong wong podho gelo, keno opo mbiyen ora tuku, wong duwite yo kanggo ngopeni wong jompo lan anak-anak lola. Jebule sing podho tuku malah luwih gelo, keno opo mbiyen kok mung tuku siji, ngertio mbok mbiyen tuku okeh.
Kanti dedongengan iki minggo poro konco sami dono driyah kangge mbangun masjid sekolah SMA Negeri 1 Polanharjo ingkang tetelo dereng cekap nembe 43% mugi-mugi ingkan sami dono driyah sami gesang barokah, diparingi bagas waras, urip ayem tentrem lancar rejekine. *Monggo sok sopo sing mboten paring pambyantu bakal kuciwo, nanging sing paring pambyantu bakal langkung kuciwo*