30/08/2016
~AMNESTI PAJAK, NGGUYUPKE DESONE DEWE, NGGUYUBKE NEGORONE DEWE~
Cik Aling, omahe mBayat, nduwe usaha sampingan mbakul daster. Usahane dirintis soko cilik, mulai bathi sepuluh ewu, rong puluh ewu banjur soyo mundhak akeh, wis iso numbaske dolanan anake, nambah pulsa lan iso ngawat untu-ne sing nongol.
Saiki malah iso nabung jutaan. Duite banjur diutangno Sisri, kanggo modal bukak warung sego pecel nang Kaliworo.
Usahane Sisri soyo berkembang wes nduwe pegawai telu, petani sekitare melu komanan rejeki amargo sayur bayem, thokolan, lan kembang turine saben ndino diborong Sisri, Bakul gorengan lan bakul krupuk melu nitip dagangan. Pemuda sing nganggur nang Kaliworo melu kecipratan rejeki, amargo nunut dadi tukang parkir warunge Sisri.
Cik Aling seneng nyawang keberhasilane Sisri iso nggawe mulyo tonggo teparone lan nduweni kepinginan iso mbukak usaha kang migunani karo lingkungan sekitar.
Gandeng Sisri wes mulyo mula saiki modale banjur ditarik cik Aling, arep diutangno Syahrini kanggo modal nggawe Salon Jambul Katulistiwa. Nang ndeso mBayat (sebelah omahe cik Aling), tujuane men ndeso mbayat tambah makmur, iso ngajak tonggone si Kipli sing nganggur dadi karyawan salon, penjahit kiwo-tengen deso iso nitip sewa pakaian, mbok Tumirin iso melu kerjo dadi tukang sapu salon, lik Mukidi melu standbye ngojek nang sebelah Salon.
Intine cik Aling nduwe kepinginan NGGUYUPKE DESONE DEWE.
Iki mau level tingkat deso. Yen level tingkat Negoro. Misale duite konglomerat Indonesia sing diinvestasikan nang Singapura dijupuk banjur di-investasikan nang Indonesia...wha iso nggawe pabrik. Nyerap tenaga kerja akeh, mengurangi pengangguran. kegiatan ekonomi bergerak ono peningkatan pendapatan.
Ekonomi meningkat, kurs Rp menguat, cadangan devisa meningkat. Indonesia tambah makmur.
Peristiwa konglomerat njupuk modale nang luar negeri banjur kanggo modal nang indonesia, kuwi kang diarani REPATRIASI.
Nanging poro konglomerat ora gelem amargo menowo modale mau digowo mlebu nang Indonesia bakal keno pajak 25%. Mulo saiki ono program AMNESTI PAJAK.
Bondhone mau ora keno pajak 25%, nanging mung keno uang tebusan 2%, syarate danane kudu kanggo modal nang Indonesia minimal telung tahun.
Kuwi kabeh KANGGO NGGUYUPKE NEGORONE DEWE
Oleh: Chairudin